KUMBAKARNA GUGUR 2 – Ki Sugino Siswocarito

Kumbakarna: Ana blekether munyuk ngagem sandhang keprabon  teka. .

Sugriwa: Narpati Sugriwa. Sapa kowe?!!

Kumbakarna: Senapati agung kang wus sinengkaake ngaluhur wus winisuda dadi senapati, Kumbakarna jenengku!!

Sugriwa: Mati dening aku Kumbakarna!!!

Dhalang ndhodhog kothak, gangsa mungel srepeg. Sasampunipun kebar sawatawis, Kumbakarna kapetha unggul ing yuda. Sugriwa mawola wali mangsah ngrangsang, nanging meksa kasoran. Lajeng Sugriwa mlajar dipun oyak, kalih kalihipun kaentas nengen. Kayon tengen dipun bedhol dipun lampahaken saking kiwa tumuju tengen kelir, kaangkah kados laju plajaripun Narpati Sugriwa. Rambah kaping kalih lajeng kayon katancep ing tengah radi miring manengen. Kothak kadhodhog, pertandha gangsa suwuk.

Adha-adha greget saut: Yeksa krudha kagiri-giri/gengnya lir prabata/ abang kawelagar manguwuhing mungsuh/ aminta lawan sru singa nabda yun anubruka . . . .

Angger cara buku Pedhalangan Jangkep kira-kira gambar nduwur kaya kuwe onine.

Kiye lah tek bagi maning terusane Kumbakarna Gugur sing wingi wis nganti file nomer papat.Wis padha ngundhuh mbokan? Mandan abot ya neng Mediafire, ketara mung mandan sethithik sing wis kasil nyengget.  Sing wis nyengget, inyong tek takon, kepriwe suarane asil konvertane kang? Buket apa?

Ari kepriwe carane dhalange Gino gole nglakokena sih ora perlu tek takokena maning. Getape suarane Dasamuka utawa Sugriwa, aluse swarane Prabu Rama utawa Gunawan Wibisana si kayane jan berkarakter banget. Iya tolih?

Kaya tek omongena sing Kumbakarna Gugur 1, neng lakon sing pungkasan kiye Sugriwa sing duwe watak brangasan jan urip temenan neng tangane Kakine. Kejaba suara getap sing sok ngaget-ageti, watake Sugriwa sing basa ngkanane “paranoid” meksa curiga karo omongane Gunawan Wibisana sing nggunggung kesektene kakange, Kumbakarna. Ora nganggo palilahe gustine, Prabu Ramawijaya, Sugriwa mangkat nglawan krodhane senapati sekti sekang Ngalengkadiraja.

Ora wurung ya kalah!

Tapine aja curiga karo inyong ya lur, kenangapa pas banget gugure Kumbokarno terus rampung lakone. Aja curiga dipunggel “begitu saja”. Wong kiye kaset jan paaass banget. Rampung Kumbakarna Gugur langsung pitane cuthel.

By the way (Bahasa Ngapak Go International) crita lakon Ramayana sekang Ki Sugino sing durung munggah sewise lakon kiye mung kari loro. Sarpakenaka Gugur karo Rama Nitis. Ayooo sapa sing kagungan mangga lah dekirim maring inyong lah. Mengko tek bagekena karo sedulur kabeh padha.

Sing padha kersa ngundhuh, kiye link-e

Kumbakarna Gugur 5

Kumbakarna Gugur 6

Kumbakarna Gugur 7

Kumbakarna Gugur 8

4 comments on “KUMBAKARNA GUGUR 2 – Ki Sugino Siswocarito

  1. Kualitas suaranya mantap sekali, saya hampir tidak percaya ini rekaman entah produksi tahun berapa(terperangah sekaligus bertanya), Pak ?
    ———————————————————————–
    Kuncinya, mengeatahui seluruh cara menggunakan sofware (dalam hal ini saya menggunakan sofware punya SONY PRO 10) juga ketelatenan memperhatikan detail adio kasetnya. Kapan kita harus meng-kutik anunya ketika anunya itu sedang tidak stabil.
    Selanjutnya gunakakan player dengan mutu baik.

    • Membayangkan proses konversi dari analog ke digital seperti yang bapak lakukan, bukan main, saya yakin tidak gampang. Selain membutuhkan software yang mumpuni serta keterampilan menggunakan utilitinya, plus juga waktu yang tidak sebentar. Wah…..sebuah dedikasi yang luar biasa, upaya pelestarian wayang dan membagikannya ke khalayak ramai tanpa mengharapkan pamrih apapun, tidak ada lagi yang bisa kami (penggemar KSSC dan downloader) berikan selain ucapan terima kasih, Pak Aris!

      **Menurut saya J RIVER MEDIA mampu memberikan mutu lebih baik ketimbang musicplayer yang biasa dimiliki oleh penggemar KSSC lainnya, dan koleksi klasik wayang audio KSSC semuanya saya putar menggunakan software tersebut, mbetahi banget, tambah mantep, nyelang pangandikane Ki Ali Jawa Ngapak “JEMENGGLENG” **

      • Maturnuwun pamujine. Mangga sugeng midhangetaken file-file kula sing senajan kula simpen wonten wma dengan bit-rate yang kecil tapi sepertinya tidak mengecewakan. Hal ini saya katakan karena setiap kali selesai konvert, file saya jadikan dua format, wma dngan bitrate 64kbps dan file MP3 128kbps. Keduanya sama sama jreng, tapi saya pikir kaset lama cukup diwadahi piring saja cukup kalau pakai cepon kegeden wadah eman-eman wadahe. Bukan apa apa, tapi suara dari kaset lebar spektrum-nya tidak selebar frekuensi CD Digital Audio.

  2. Ping-balik: KI SUGINO SISWOCARITO LAKON BABAD ALAS MARTANI – syaiflash.com

Tinggalkan komentar

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.