11. PUCUNG – MACAPAT

|| Tembang pucung papat guru gatranipun | Gåtrå kang kapisan | Rolas ing wilanganéki | Dhawah ing u suku yèn aksärå Jåwå ||

PUCUNG ånå kang nyebut Pocung. Déné Pucung dhéwé miturut leksikon kuwi maknanè wit kluwak utåwå pucuk.

Ånå ing simbul tataran uriping menungså, wong ing tataran urip kuwi diupamaakè menungså sing wis dadi mayid kang kabungkus mori, teges dadi pocong. Menungså kang wis mung kari jasad, yitmanè wis lungå. Embuh kananè, menyang endi paranè. Ora ånå wong kang isih urip biså mbedhèk pencokanè.

Wewatonè tembang Pucung ånå ing ngisor iki.

{12-u*, 6-a, 8-I*, 12-a*}

Déné menawa digawé lagu nganggo wewaton kåyå ing ndhuwur, dadinè kåyå jlèntrèh ing ngisor iki. Baca lebih lanjut

10. MEGATRUH – MACAPAT

||Dudukwuluh ugå sinebut Megatruh | Limang gåtrå wus nyukupi | Gatra sepisan tiba u | Rolas wandå amilangi | Gåtrå pindho nganggo waton ||

Megatruh ugå kasebut Dudukwuluh. Gambaran urutan tataraning menungså kang ånå ing wayah pecat nyåwå. Ngayahi pepesthèning urip. Wis telas tulising uripè.
Megatruh èntuk såkå tembung  pegat kang ateges pisah, lan ruh, kang tegesé atmå utåwå nyåwå.

Wewatonè tembang Megatruh kenå karingkes ing rumus ing ngisor iki.
(12u. 8i, 8u, 8i, 8o) Baca lebih lanjut

9. PANGKUR – MACAPAT

Tembang pangkur ing måcåpat,| Pitung gåtrå saben sapådå kuwi,| Gåtrå pisan ånå wolu,| Ètung guru wilangan,| Tibå ing å nglegenå ing guru lagu,| Kapindhoné ingkang gåtrå,| Sawelas wilanganèki.

Pangkur tegesè mungkur utåwå buntut. Gambaran tataraning menungså kang wis mungkur såkå alaming keramèyan. Nalikané menungså wis tåtå-tåtå bali marang alam kelanggengan.

Tembang Pangkur duwè pathokan utåwå wewaton kåyå katulis ing ngisor iki
(8A, 11I, 8U, 7A, 12U, 8A, 8I) Baca lebih lanjut

8. DURMA – MACAPAT

Tembang Durmå, cacah ånå pitung gåtrå,| gåtrå kang ångkå siji,| dhong dhingé nglegenå,| guru wilangan rolas,| gåtrå kapindho tiba i,| mung cacah saptå,| gatrå katelu nuli.

Durmå ugå sinebut Simå. Durmå nggambarakè tataran uripè manungså kang wus kacukupan båndhå lan ngèlmunè. Lair lan batinè. Mulå ing tataran uriping menungså iki, wayahè seneng ndarmaakè åpå kang kagadhuh, tumuju marang panguripan sakupengè. Darmå iku biså wujud båndhå lan ngèlmu kang wis numpuk kasil såkå pengalaman uripè.

Wewaton tembang Durmå kacethå ing ngisor iki:
{12-a, 7-I*, 6-a, 7-a*, 8-I, 5-a*, 8-i*} Baca lebih lanjut

7.  DANDANGGULA – MACAPAT

1.|| Pathokanè tembang Dandanggendhis,| Sapådå ånå sepuluh gåtrå ,| Sepisan wulu dhong-dhingè ,| Wilangané sepuluh,|Gåtrå pindho å amungkasi, | Wilangané sedåså,|Gåtrå kang katelu,| Taling guru lagunirå,| Cacah wolu guru wilanganiréki,|Déné gåtrå kang kapat.||

Dandanggulå iki tembang kang paling akèh dilagoakè déning pårå sengsem budåyå tembang.

Ånå kang ngarani Dandanggulå kuwi Dhandhanggulå. Iki miturut panganggepku sa`janè salah kaprah olèhè nulis. Sebab dhandhang kuwi tegesè manuk gagak. Kang mangkå maksud tembung lan tembang iki ngemu teges bejånå utåwå dandang kang isi memanis. Wadhah kang isi memanising urip, gambaran nalikanè tataran menungså wis kecukupan samubarangè. Wis duwè pasangan urip arupå garwå anak, sandang pangan umah kareman lan liyå-liyanè. Cekakè yèn kuwi wujud priyå, jangkep bebasan nduwèni, wanitå, wismå, turånggå, kukilå wis kecakup sartå tenågå kang sentoså kanggo ngupåyå pangupå-jiwå lan sapituruté.

Memanising urip bebasan kåyå menungså kang nggadhuh dandang kang kebak gulå memanising urip, kabuktèn ånå ing tataran urip manungså ing tataran iki.

Ånå sawenèh ugå ngarani yèn tembang iki duwé tegesé: Ngajab memanis, utåwå godhong minångkå pepaès.

Kåyå ngåpå-å, tembang Dandanggulå duwè iråmå lagu kang gawè sengsem. Wewaton tembang, pèranganè katulis ing ngisor iki. Déné pangucapè mångså borong. Dandang prayogå, dhandhang hiyå kenå.

Déné wewatonè tembang iki katulis kåyå mangkènè :

{10-i 10-a, 8-e, 7-u, 9-i, 7-a, 6-u, 8-a, 12-i, 7-a}

Menåwå ginåwè lagu måwå cakepan wewaton Dandanggulå, dadinè kåyå ing jlèntrèh iki, lan ing pådå pungkasan tinambahan bab kang magepokan kalawan tembang Dandanggulå. Baca lebih lanjut

6. GAMBUH -MACAPAT

I sekar gambuh puniku | limang gåtrå ing sapadanipun | gåtrå pisan u iku tibaning dhong dhing | guru wilanganè pitu | dhong dhingè u tibå pindho ||

Gambuh ånå sebutan liyané, yaiku Latèh.
Gambuh tegesè jumbuh. Nggambarakè tataran uripè menungså kang wis jumbuh anggonè arep mbangun jejodhoan. Råså asmårå kang ngobar jagading mudhå, temah ånå greget nibaakè pilihan marang sawijining pasangan kang rinåså jumbuh kalawan åpå kang dadi kreteging ati. Raket-rumaketing råså temah nyiptå cocoging ati mbangun balè-wisma ånå ing jagading jejodhoan.

Sekar Gambuh karakit måwå wewaton kåyå ing ngisor iki.

{7-u, 10-u*, 12-i*, 8-u, 8-o*}

Menåwå ginawè lagu, becik kalagoknå kaya dènè tembang Gambuh pitung pådå iki. Yèn kepareng mănggå klik tautan tulådhå tembang Gambuh ing kènè, supåyå biså bareng sinau nembangakè. Baca lebih lanjut

5. ASMARANDANA – MACAPAT

||. Asmåråndånå puniki | cacah ånå pitung gåtrå | sepisan wulu dhong-dhingé | wolu guru wilangannyå | kapindhoné nglegenå | Guru wilanganè wolu | Katelu taling dhawahnyå ||

Tembang iki menåwå digathuk-kè klawan tataran uriping menungså kuwi ånå ing wayah nalikané menungså enom kang wis duwé jati-dhiri. Wong enom kang wis duwé gregetè asmårå. Wong enom sing wis wayahè golèk tetimbanganing urip. Menungså enom kang wis nduwéni råså sengsem marang jenis liya.

Teges umum Asmåråndånå kuwi sengsem marang dedånå. Ånå ugå kang ngarani Dahananing asmårå utawa ubaling geni asmårå.

Wewatonè pupuh Asmåråndånå kåyå ing ngisor iki.
(8i, 8a, 8e/o*, 8a, 7a*, 8u, 8a*).

MANGGA KLIK ING KÉNÉ SUPÅYÅ BISA NEMBANG BARENG

Baca lebih lanjut

4. SINOM – MACAPAT

|| TEMBANG SINOM ING MACAPAT | SANGANG GATRA KANG PINANGGIH | GATRA SEPISAN NGLEGENA | IKU PUNGKASANING DHONG DHING | WOLU WILANGANEKI | DENE GATRA PINDHO IKU | WULU SELEHING DHONG DHING | UGA WOLUNG WANDA SAMI | GATRA TELU GURU WILANGANE PADHA ||

Tembang utåwå sekar Sinom kuwi mênåwå kagayutakè ånå ing simbol tataran uriping menungså, kuwi kåyå déné menungså kang wis ngancik wanci mudhå. Babagan ing ngaurip kang kebak pancaroba. Babagan urip kang kebak ing tantangan kang lumrahè disenengi dening pårå mudhå. Seneng ngangsu kawruh lan seneng nyobå samubarang, ora wedi marang resiko kang bakal ditemoni.

Sinom såkå tembung enom. Utåwå kenå disebut godhong pupus utåwå godhong pupusing wit asem. Tembang Sinom uga ånå kang nyebut Srinåtå malah ånå kang nyebut Logondhang.

Wewaton tembang Sinom kuwi kåyå katulis ing ngisor iki:
(8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a)

Déné menåwå kenå ditembangaké nganggo lagu Sinom, jlèntrèhè tembang biså kagambar ånå ing tembang pitung pådå ing ngisor iki:

Månggå klik ing KÉNÉ kanggo nembang bebarengan. Baca lebih lanjut

3. KINANTHI – MACAPAT

|| tembang kinanthi winuwus | amung nem gatra mungkasi | guru wilangane padha | ajeg wolu mila gamnpil | dene gatra kang kapisan | u iku selehing dhong dhing ||

Kinanthi, saka linggå kanthi.  Tegesé tuntun utåwå gandhèng. Linggå tembung mau diwènèhi ater-ater ki kang mengku tembung dadi nuntun utawa nggandhèng.

Miturut simbol tataraning uripè menungså, Kinanthi kuwi ånå ing tataran kaping telu. Yaiku tataran sepisan menungså sawisè dadi janin, kapindho lair ing alam donyå , terus tataran kaping telu dadi bocah kang isih kudu digulå-wenthah lan dituntun dening wong tuwå lan sanak kadangè.

Mungguh aturaning tembang iki, dijlèntrèhaké ånå ing ngisor iki :

{8-u, 8-i, 8-a, 8-i, 8-a, 8i}

Kåyå kang uwis dijlèntrèhaké ana ing pupuh 1 lan 2, cårå pamacanè rumus pådhå waè.
Menåwå jlèntrèhè didadèkkè tembang, mawujud kåyå ing ngisor iki wujudé. (nyuwun pangapunten pada kapat kula liwati)

MANGGA KLIK ING KENE SUPAYA BISA MACA JLENTREHE SINAMBI NEMBANG. Baca lebih lanjut

2. MIJIL – MACAPAT

|| tembang mijil ing macapat kuwi | anganggo wewaton | nenem gatra sabenn sapadane | gatra spisan i tibaning dhong-dhing | yen aksara jawi | diarani wulu ||

Tembang mijil kuwi menåwå kaurut saka tataran gambaraning uripè manungså ånå ing papan kang kaping loro.
Mijil tegesé metu. Jabang bayi menungså metu såkå guwå garbanè si ibu.

Tembang MIJIL iki, wewaton utåwå aturanè kåyå ing ngisor iki

(10i, 6o, 10, 10i, 6i, 6u)

Tegesé, gåtrå (larik) kaping pisan ana 10 wåndå (suku kata), pungkasanè tibå ing dhing-dhong (vocal)  i.

Larik kaping pindho gatranè ånå 6 wåndå, tibå ing vocal o, lan sapituruté.

Déné menåwå digancarakè nganggo tembang, Mijil lan bab kang magepokan kalawan unsur tembang Mijil, biså dilagoakè kåyå ing ngisor iki.

Menåwå panjenengan kerså klik ånå ing kènè, link tulådhå salah sawijinè tembang Mijil slèndro lan pèlog.

Baca lebih lanjut