SEMAR WIRANG – Ki Sugino Siswocarito

Adhuh Udawa..... Udawa..... uwis....Uwissss.....

Adhuh Udawa….. Udawa….. uwis….!! Uwissss…..

Lakon kiyè nembè tek prangguli seprana seprènè selawasè dadi pendhemen wayang. Senajana inyong seneng ngrungokena wayang kulit gagrag ngendi baèn, lakon kiyè ora tau keucap neng lakon gagrak sejènè mBanyumasan. Wis tau lakon kiyè tek balangena maring Group FB, nyatanè para pendhemen Ki Sugino sing pancen militan langsung bisa mbedhèk alur lakonè. Senajana ana gèsèhè, tapi èwa semana akèh sing mbedhèke nyénggol. Ari diumpamakena pasang nomer buntut, ndèyan sih akèh sing olih buntutanè hè hè hè……

Sing tek tandhani neng lakon kiyè wektu kepisanan nyetel kasèt, yakuwè swara serak-è Ki Sugino kecampuran karo bindheng. Tapi kiyè ora ndadèkena saru tapi malah dadi sari. Dadi mandan beda kaya padatanè neng akèh lakon sing swaranè netral. Eh kiyè mbok menawanè pinuju rekaman aganu, kiyambekè Ki Sugino lagi baè kenang pilek utawa flu, èh kiye ndèyan……

Baca lebih lanjut