Lakon carangan sing marakena para sutresnane Ki Sugino mandan penasaran, kenangapa ana lakon sing judule kayong mendeni banget. Petruk Idu Geni!! Biasa kang, kiye sih jenenge model dodolan sing menjual ala sales. Dagangan jere kudu duwe selling point, yakuwe salah sijining factor sing arane differensiasi. Pembeda antarane produk siji lan sijine, bedane yakuwe, judul sing mendeni.
Angger neng dunia blog supaya para rawuh neng blog-e pada ketarik maca, penulis uga diwajibena kreatif gole ngetrapena judul. Angger judule aneh, bombastis lan liya liyane sing menarik, paling ora pengunjunge ngeklik. Perkara mengko arep nerusena maca apa ora, kiye ya perkara mengko.