KUMBAKARNA GUGUR 1 – Ki Sugino Siswocarito

Dhadha muntap lir kinetap

Kumejot padoning lathi

O

Netra kocak mangondar-andir

 idepnya mangala cakra

Pasuryan abang ambranang lir  kembang wora-wari bang

Oo

——————————

Di Cocakrawun di

Apa akakang Cacinganil

Wah . . . . .  iki pancen buta ora baen-baen patih Ngalengka.  Iki kelebu dhuk dhenging buta.

Lah njur karepe kakang Cacinganil kepiye?

Ayo saiki maju bareng, kroyok- kroyok, aku tak nyaut saka nduwur kowe saka ngisor . . . . .

Sapa sing menang sapa sing keseser jajal?

———————————————————————————————————–

Winginane wis tek unggah lakon Kumbakarna Gugur sekang dalang gagrag Mataraman, dhalange Ki Hadi Sugito. Sekiye inyong arep ngaturaken maning lakon  Kubakarna Gugur maning tapi dalange Ki Sugino, dhalang karemane sedulur penginyongan. Apa bedane kang antarane Kumbakarna Gugur dhalang Ki Hadi Sugito sing wingi debandhing karo dalang Gino?

Jelas ana.

Apane sing beda Mas?

Dhange lah. . . . ,

Ala buset, aja glewehan lah Mas.

Ya wis ngapurane wong bangsa penginyongan pancen seneng gleweha alias dablongan. Kiye ana sethitik bedane angger dibandingena sekang gagrag, cara membawakan, karo maning  alur critane.

Neng critane Kumbakarna Gugur wingi, sing jeneng Patih Prahasta wis tumekaning sirna. Nha neng lakon Kumbakarna Gugur, Patih Prahasta esih ana. Malah neng crita kiye Patih Prahasta esih duwe peran ngarih arih Raden Kumbakarna sing agi kecuwan atine awit sekang pangan sing wis diuntal kon ditokena maning wutuh. Neng crita kiye mutahane Kumbakarno ora wujud matengan, tapi sebangsane olahan sing wis dipangan pada urip maning. Marmut kalong kidang kangkung nganti pecel lele [ndean] pada urip maning pating pencolot. Kiye sing ana neng seri loro ya sedulur, wong tek cicil sebab melasi banget, flas inyong T xxxx, siki jan leled banget anggor dinggo nguplod. Dadi seanane disit ya lur.

Sing neng seri kiye critane Prabu Dasamuka sing nduta anake supaya maring Panglebur Gangsa ngarih arih pamane Raden Kumbakarna dikon ngrewangi bot repote negara sing delurug bala rewanda sekang Pancawati.

Raden Kumbakarna sing wis suwe ora ngadhep maring ngalengka sebab sekang cuwane ati awit adhine sing paling bagus lan paling raket pesedulurane, diurak karo kakange mbarep, Dasamuka. Pancen, sedulur papat putra Begawan Wisrawa, ibarate dibagi loro ideologine. Prabu Dasamuka cedhek karo adine wadon sing tingkahe pada karo kakange seneng lanangan, sing jeneng Sarpakenaka. Liyane Gunawan Wibisana sing anak bontote cedhek karo Kumbakarna senajana raseksa ora pakra, tapi jiwane luhur.

Sejen sekang kuwe, perkara mutu audione kang? Jang inyong sih ora umuk, senajana kiye kayane kaset lawas, tapi paringane Kakang Kuning Gading kiye jan esih kepenak gole nangani.

Siji maning kepriwe ya kabare kang Kuning Gading? Seprana seprene ora tau mencungul. Tek telpon ya angel. Apa lagi tapa, apa agi kepriwe. Tek pikir  apa agi mencala putra mencala putri ganti wujud. Senajana esih ana neng sekupenge inyong padha tapi nganggo jeneng liya. Kang, rika neng ngendi jane? Aja aja rika neng Pasetran Gandamayid Tlacap ya?

Karo nunggone kakange Kuning Gading mencungul, kiye tek aturi link denggo ngundhuh

Kumbakarna Gugur 1

Kumbakarna Gugur 2

Kumbakarna Gugur 3

Kumbakarna Gugur 4

2 comments on “KUMBAKARNA GUGUR 1 – Ki Sugino Siswocarito

Tinggalkan komentar

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.