ANTASENA NGRAMAN II – Ki Sugino Siswocarito

Ora nganggo suwe inyong ngaturaken maning terusane lakon Antasena Ngraman. Demulai sekang file nomer 5 sing jan full gara-gara. Tesih nyambung sewetara neng file nomer nenem lagi Raden Gathutkaca karo Raden Abimanyu ngrembug bab sing agi kedadeyan neng Negara Ngastina.

Kurang lewihe kaya kiye:

Semar: Lae lae den ndara kula

Gathutkaca: Iya wa Semar, kepiye pamrayogane ing semu sepecak mangu setindak kendel. Ndak sawang wa Semar iki ana pamanggih, ingkang ora jumbuh karo penjangkahku wa Semar.

Abimanyu: Iya wa Semar, tak aturi ngendikaake apa kang dadi kersane wa Semar kepriye?

Semar: Eeeh nggih nyuwun sewu.  Sewu lepat, saderengipun nyuwun samudra pangaksami den. Kula derekaken sampeyan saking negari ngantos dumugi imbir-imbiring wana, ing ngriki sampun ngancik tapel watesing negari Ngastina.

Pancen lakon sing detindakaken karo kakine kiye jane lakon sing dhalang metaraman wis tau diunggah. Tapi tumrape wong penginyongan, angger kakine sing nglakokena kayane nuansane beda. Turan angger penjenengan pada nggatekena alur lakone apa dene cara kakine gole nggarap, jan kayane sih nganti siki inyong durung tau ngrasakena pas banget kejaba kakine Gino sing nglakokena. Muga muga neng wektu siki ana maning dhalang sing bisa ngembari kebisane Kaki Gino, sukur sukur angger nglewihi.

Adegan antarane Gathutkaca – Abimanyu sepenakawane, terus Abimanyu gole disaut karo Gajah Antisura sing arep delenggahena neng Dhampar Antipraba, ngelingena inyong karo lakon Gathutkaca kembar lima. Tesih kemutan mbokan? Angger kemutan, mesti penjenengan bisa ngurutena angger lakon Antasena Ngraman kiye jane lakon sedurunge Gathutkaca Kembar lima. Dong tolih?

Siji maning, bab sejen, Antasena Ngraman kiye pancen angger tek gatekena, tumrape kualitas audione mujudena salah sewijine sing top angger dideleng sekang kualitas clarity karo pilahe stereo. Senajana kuwe, inyong gole ngolah jan kepenak banget. Presasat ora ngowahi level amplitudone babar blas. Tapi hasile kaya para sedulur wis pada midhangetaken dhewek.

Bagaimana cerita selengkapnya?

Kiye neng kene link-e, sing biasa tek deleh neng Indowebster, tapi Indowebster pancen keparat. Mulane inyong pindah maning maring Mediafire sing kebukten tesih awet.

Antasena Ngraman 5

 Antasena Ngraman 6

Antasena Ngraman 7

Antasena Ngraman 8

6 comments on “ANTASENA NGRAMAN II – Ki Sugino Siswocarito

  1. Jan, inyong tambah betah ngendong neng kene ndarane, etung-etung merdayoh mung ngentekna panganan kaya kuwe lah, nganti wareg ben urung gelem lunga, pokoke betah pisan.

    Sewun niku ndarane wis nyuguhi maning lampahan anyar, kulane mung bisa mipili tok kiye lah. Duh jan….

    ———————————————————————–
    Pokoke angger esih betah baen tek suguhi nggo penjenengan, asal aja nganti padha kemlekeren. Wong jane pancen suguhan kiye diangkah nggo panjenengan kabeh.
    Kesuwune padha-padha karo penjenengan sing kersa dog los rawuh ngendhong neng kene.

  2. senajan kula inggih ngaturaken sembah maturkesuwun dumateng ndarane..
    ngesuk ngembena koh wonten malih sing saged decaweli, kula mesthi tekane..
    ora gigrig ora miris aring buta sabrang sing wis kewanen ndhisiti nika..

  3. Ping-balik: KI SUGINO SISWOCARITO LAKON BABAD ALAS MARTANI – syaiflash.com

Tinggalkan komentar

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.