SURYANDADARI (2) – Ki Sugino Siswocarito

suryandadari2_edited-1

Raden Pertiwanggana, Prabu Bomantara, Prabu Sasrawana ngetutena Pendhita Druna, sing ngiring nglurug Raden Brajamusti lan Raden Brajalamatan maring Pringgendani.

Deterusena maning kiye lakon Sur yandadari. Melas lah angger kesuwen gole ngenteni unggahane Suryandadari 1. Lakon kiye jane ya bisa disebut Brajamusti Brajalamatan mBalela. Tapi kayane mbokan kakehan sing lakon mbalela, seliane wing wis ana Brajadenta mbalela, dadi sing kiye diarani baen Suryandadari. Kiye si anu mbokan . . .

Tapi sing genah si lakon kiye dipungkasi karo adegan perange Gathutkaca karo pamane sekloron nganti tekan tiwase pamane pamane sakloron. Sedane Raden Brajalamatan manjing aring netrane Keponakane, Gathutkaca sing ketyasane bisa weruh sedurunge winarah. Angger sedane Raden Brajadenta, sukmane manjing maring epek-epeke keponakane sing kasiate mengko bisa njepit barang kaya dene kekuatan jeiptane wesi waja.

Critane lengkap mangga didownlod mawon kiyambek. tapi kiye ingyong arep nudhuhena kepriwe sebabe jere kakange Tohirin suwarane biasane esih menang bening ingyong.

Resepe jane ya biasa bae. Jane sing penting dudu sofware sing gawe sebagian gede persentasene sing gawe bening. Sebab tek tliti, sofware pengolah audio rata rata pasif, lewih sekang kepriwe analog output mlebu aring komputer. Ora penting arep nganggo software Soundforge, Audiacity, Adobe  Audition, tapi kepriwe carane ngolah output sekang audio analog supaya desise aja melu mlebu maring komputer.

Tapi sing jelas angger nganggo outputput audioplayer sing Hi-Fidelity lan ana pengatur band equalizer, senajana nganggo preset mode, biasane lewih apik hasile ditandhing karo umpama nganggo audio player sing asmuni. Apamaning angger rika pada duwe hi-fi sing nganggo individual preset band equalizer, jan lewih bebas pengaturane supaya bisa ngasilaken mutu convert sing jan cling.

Senajana neng software inyong, Soundforge 10 Pro ana fasilitas dinggo ngolah digital kaya dene pitch control, echo generator apa reverberation control lspt, tapi angger mutu rekaman wis apik kadhang inyong ora tega ngowahi. Sebab wedi angger kekehan bumbu malah njelehi.

Eeh kuwe angger panjenengan pada kepengin njajal ngonvert. Tapi angger supaya ora kangelan kepriwe supaya krungu swarane dhalang sing para rawuh kepengin midhangetaken tanpa nganggo kangelan, ya tek tulungi ngonvert lan uga tek bagi maring kabeh kanca batir supaya werata gole pada nglaras kepriwe lakon lakon wayang jaman gemiyen sing jan kayane seni pedhalangane esih murni.

Mangga kang, sugeng midhangetaken.

Niki sing mpun dibaleni

Surya nDadari 5

Surya nDadari6

Surya nDadari 7

Surya nDadari 8

6 comments on “SURYANDADARI (2) – Ki Sugino Siswocarito

  1. Newun Sewu Kang Mas Suryandadari No.5 gagal terus di unggah terus no.6 oran aana lan 8 ora nana isine. Tulung yah dicek. matur nuwun
    ——————————————————————-

    Nggih Mas. Maturnuwun pepengetipun dipun srantos gontose nggih.

Tinggalkan komentar

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.