UNDUR-UNDUR KAJONGAN -Ki Sugino Siswocarito

Lha niki “missing link” sing wis suwe dienteni. Lakon Undur-undur kajongan utawi Janaka Werkudara Kependut niki seri Bratayuda sing serine onten antarane Antasena Gugur kalih Abimanyu Gugur. Empun dangu nggih gole nyrantos. Lah tekade sing adol kaset esih onten ikih nggih. Kaset sing kula saged angsal niki jan tesih anyar cling, stereo, kepenak gole ngonvert. Tapi ngaplode angel jalaran bandwidth kula jan sempit banget. Ngapunten gole ngenteni kesuwen.

Raden Arjuna lan Raden Werkudara methukaken senapati enggal saking Astina nggih niku Kertipeya lan Windandini.

Penjenengan sedaya mestine tesih kengetan lakon Antasena Gugur sing seri sederenge seri niki nggih? Nggiiih. Niku wektu majune senapati kaping kalih nggih niku trio saking negari Turilaya nggih niku Prabu Bogadenta, Dewi Murdaningsih kalih gajah Murdaningkung.

Sekawit jane Prabu Duryudana jan yakin banget kalih trio sekti niku. Sebabe napa, ketigane niku gadhah ajian sing peribasane mboten kenging pepati. Awit angger sing siji mati ning kalihe teksih urip, sing mati saged urip malih. Tesih kelingan mbokan nggih nalikane Raden Arjuna ngantos kedharang dharang nglurug negara Turilaya pados pengapesane trio Turilaya?

Mulane sareng Prabu Duryudana mireng palapuran saking Pendita Drona angger senapati sekti niku tewas dening para Pandawa, jan getune mboten telas-telas. Nyalahena kabeh para paranpara Negara. Malah putege pikire, Prabu Duryudana ajeng mbubaraken mawon niku Perang Bratayudane.

Saking pertimbangane Prabu Salya, antawise mpun kathah bebanten lan botoh Ngastina tesih sanggup nerusaken perang, Bratayuda diterusaken. Senapati anyar ditimbali, nggih niku Prabu Kertipeya lan Windandini. Kalih-kalihe tesih sedulur Kurawa sing nalikane onten lakon Genjotan.

Pancen nggih niku para Kurawa sing kebuncang tebih seking Astina malah sekti sekti. Tapine meksa tandhing kalih satriya Pendhawa, Werkudara kalih Janaka, kekalihe kasoran lan ngangge kertisampeka sing asal mula akal-akalan saking Pendhita Durna. Kertipeya sing gadhah tumbak Jalumabaya saged damel lemah dados lendut lan Arjuna kalih Werkudara diajak perang oyak-oyakan

Raden Windandini tandhing kaliyan Raden Arjuna. Windandini kasoran lan nitih Gajah. Raden Werkudara waringuten lajeng gajah katendang. Wusana Windandini keplajar.

Senajana  Pandawa niku dibotohi kalih Kresna kalih Semar Badranaya sing angger cara pagelaran Dalang Gino disebut Wisnu kalih Ismaya, tapi saking teledhore botoh Werkudara lan Janaka saged mlebet teng lendut.

Gara-gara teng lakon niki mung ana Bawor, Gareng kalih Petruk. Biasa nggih Ki Gino angger gara gara dimulai kalih pathet sanga wantah sing angger dirungoken jan nglangut banget. Niki cakepane sing nyritaken Kayu Purwasejati:

Kayune Puwasejati
Pangira jagad godhong kinarya sumambe
Aprada kang kekuwung
Kembang Lintang talaga langit
Woh surya lan tengsun
Kasirat mbun lan udan
Pucak angkasa bumi bengkah pratiwi
Oyode bayu bajra.

Mangga direrusken nggih, audio sumbangan saking Mas Santoso Bandung. Donlode onten NGRIKI

10 comments on “UNDUR-UNDUR KAJONGAN -Ki Sugino Siswocarito

  1. file 2B’ne kok mboten saged di unduh mas???saged dipun cek malih???
    ————————————————————-
    Saged Mas Mahesa Jenar, mangga dipun ambali.
    Eeeh salam nggih kagem mbekayu Rara Wilis.

  2. oooo nggih mas…, sampun saged…, matur suwun share file’ipun mas.., salam kagem nimas rara wilis mangke kulo aturaken.., sakmeniko nimas wilis taksih wonten wonosobo, sowan wonten eyangipun Ki Ageng Pandan Alas…
    ———————————————————————-
    Lha rak ngaten, mangga dipun rahabi mas,
    ning ngatiati aja nganti lena, mundak sing neng wonosobo dialap ki demang gunung kidul lho.

    • Mas rangga deneng mboten saged didownload ngangge jumbofile sing reguler kepriprun carane , wong biasane gampang , ngaggo bb mon saged

  3. Ping-balik: KI SUGINO SISWOCARITO LAKON BABAD ALAS MARTANI – syaiflash.com

Tinggalkan komentar

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.