#126. Nagasasra lan Sabukintên


Kanthi praupane sing sumaringah, Kangjêng Sultan menehi kalodhangan marang Pangèran Buntårå, nyritaake åpå sêjatine sing nêmbe kêdaden.

“Oh,” Gajah Sorå unjal napase jêro. “Dados sêdåyå mênikå namung satunggaling dolanan? Nanging dolanan ingkang mbêbayani”.
Baca lebih lanjut

#125. Nagasasra lan Sabukintên

Saiki ganêp papat wong sing makili dadi seksi såkå Banyubiru. Wong sêpuh sing aran Pandhan Alas. Wong sing dêdêge gagah, gêdhe dhuwur, Ki Agêng Lêmbu Sorå, sawijining pandheganing pabarisan Banyubiru sing gagah pênuh kuwanèn, sing jênêng Bantaran, lan wanitå lêncir, wêwêg sêntoså lan ing bangkekane nggantung pêdhang, yåiku Rårå Wilis.

Wong papat kuwi bangêt narik kawigaténe prajurit Dêmak. Jangkahe sing tanpå tidhå-tidhå bangêt nggumunake.

Prajurit Dêmak sing nganggo sandhangan wong mbêbêdhag sing adhêp-adhêpan karo Aryå Salåkå ngêrutake bathuke. Nyatane Banyubiru nduweni wong-wong pêthingan kåyå dene Lêmbu Sorå. Nanging kênå ngåpå sing maju malah bocah sing kåyå durung puput pusêre? Dudu wong sing brêngose kandêl ngulêr gêni. Nanging dipikir, iki urusane wong Banyubiru.
Baca lebih lanjut

#124. Nagasasra lan Sabukintên


Maheså Jênar ngêrutake bathuke. Dheweke malah dadi såyå gumun krungu tanggêpane Panêmbahan Ismåyå kuwi. Panêmbahan kuwi malah babar pisan ora ngluputake tingkahe Karebet utåwå kêsusune Kêbo Kanigårå, nanging sing diluputake malah Kangjêng Sultan Trênggånå.

Åpå manèh nalikå Panêmbahan Ismåyå ngucap. “Kuwi sawijining bab sing lumrah mênåwå Kêbo Kanigårå dadi nêsu”.
Baca lebih lanjut

#123. Nagasasra lan Sabukintên


“Kakang Gajah Sorå lan Råmå Sorå Dipåyånå ora biså mênggak kêkarêpané Aryå Salåkå. Lan pêrkårå iki rak wis ndumuk kaurmatane Tanah Pêrdikan Banyubiru kalêbu Pamingit sawutuhe, tå? Aryå Salåkå wis mbiyantu mbebasake Pamingit såkå trekahe golongan irêng. Åpå saiki aku kudu mênêng wae, nalikå kaurmatane Aryå Salåkå diidak-idak wong liyå?”.

“Hmm” Maheså Jênar bali maneh unjal napase jêro. Ki Agêng Lêmbu Sorå sajake wis kambuh maneh pênyakit lawase, sênajan bedå pêrkåråne. Ajining dhiri sing kaluwih-luwih lan ditunggangi dening kanêpson, saenggå mêkså kêkarêpané nganggo cårå kêkêrêngan.
Baca lebih lanjut

#122. Nagasasra lan Sabukintên


Banyubiru, saiki tumrape Maheså Jênar kåyå nyimpen pêrkårå sing ora sabaene. Wêrnå ijo ing pereng Gunung Telamåyå iki, kåyå dene singêp sing nutupi sawijining pêrkårå sing nyålåwadi.

Nalikå Maheså Jênar ngliwati watês kuthå, ditêmoni akeh wong sing jågå-jågå. Gêrdhu parondhan wis kêbak maneh dening wong sing pådhå rondhå. Swasanane kåyå dene lagi ngadhêpi paprangan. Wong-wong kuwi entuk jêjibahan, ngawasi mlêbu mêtuning wong sing disujanani nggåwå Widuri.

Marang pårå pênjågå kuwi Bantaran takon. “Ånå kabar åpå sêlawase daktinggal lungå?”
Baca lebih lanjut

#121. Nagasasra lan Sabukintên

Esuke, nalikå srêngenge wis mungup-mungup ånå ing bang wetan, rombongan kuwi wis mlaku maneh. Lakune têrus mangidul njujug Gunung Kidul. Kairing dening sêgêre angin esuk, wong-wong pådhå mlaku kanthi råså sênêng, sêbab atine padhang, kåyå padhange esuk kuwi. Langit sing wêrnane biru kadhang ketok ing sandhuwure wit-witan alas sing sêngsåyå tipis. Sawise mlaku sêdinå muput, lakune wis têkan dharatan sing subur ing tlatah Gunung Kidul.
Baca lebih lanjut

#120. Nagasasra lan Sabukintên

Nanging sabanjure jroning sêpi kuwi lamat-lamat kêprungu swårå draping sikil jaran ing antaraning angin wêngi sing ngidid. Wong-wong pådhå ngangkat praupane. Kabeh wong wis ngirå, yen jaran kuwi ngênêr marang alun-alun.

Nanging sêbab ora ånå swårå kênthongan sing kêprungu, mulå swasånå pêndhåpå ugå ayêm wae.

Ora suwe sabanjure, pênjågå regol wis ngêndhêgake playuning jaran sing arêp mlêbu ing plataran. Sing mêruhi såpå sing têkå pådhå nunggoni såpå sing têkå mlêbu pêndhåpå.
Baca lebih lanjut

#119. Nagasasra lan Sabukintên

Sênajan, wong loro kuwi duwe bedå sing dadi ciri wancine dhewe-dhewe, Såråyudå mujudake wong sing ngrasa-ake, yen dhirine kuwi wong sing sugih dunyå brånå, sênajan ora nêmên anggone sumongah. Mulå panganggone wis nuduhaké såpå dhirine. Dene Ki Agêng Gajah Sorå kuwi, wong sing sipate sarwå prasåjå lan samadyå.

Sawise bage-binage nakokake kaslamêtane, sabanjure Såråyudå ngucapake åpå sing dadi sêdyane. “Kakang Gajah Sorå, kulå dhatêng ing mriki, amargi saking dhawuhipun guru kulå, Ki Agêng Pandhan Alas, supados ngiring lampahipun Adhi Maheså Jênar lan Adhi Wilis rawuh têdhak ing Gunung Kidul. Baca lebih lanjut

#118. Nagasasra lan Sabukintên

Wong kuwi gedheg. “Ora ånå gunane”.

Karebet unjal napase dåwå. Dheweke ora ngupåyå nakoake såpå sêjatine wong kuwi, sêbab, sêpisan dheweke ndhêlikake jati dhirine, kåyå ngåpå adrênge dheweke kêpengin ngêrti, mêsthi wae wong sing nganggo jubah klawu ora bakalan mbukak wêwadine.

Karebet banjur ngungalake sirahe nalikå kêprungu wong sing nganggo jubah klawu takon. “Saiki kowe arêp lungå mênyang êndi?”

Sêpisan maneh Karebet unjal napase. Yå, arêp mênyang êndi? Sêdhelå Karebet mênêng, nanging banjur mangsuli. “Kulå mbotên pitados mênawi Pråbåsêmi mbotên nglereni mbudi dåyå mêjahi kulå. Mbokmênawi badhe nyråyå tiyang sanes malih. Wontên kawontenanipun ingkang kados mêkatên, sangêt sagêd kêdadosan mênawi kulå kalepyan, ical kasabaran kulå. Lan Kangjêng Sultan dados såyå dukå”.
Baca lebih lanjut

#117. Nagasasra lan Sabukintên

Dene Karebet nêmbe biså nguwasani dhiri sawise Aji Lêmbu Sêkilan kasil ditêmbus dening mungsuhe, lan mênêng sawêtârå wêktu. Sajake ngelmune Sambiråtå ora pati mbêbayani.

Satleraman Karebet mêruhi Sêmbådå matrapake tandange sing sairib karo Pråbåsêmi. Tangane kumlawe banjur tangan loro kuwi ngêpêl ing sisih wêtênge. Nanging sing kêdaden kuwi cêpêt bangêt. Lan sêpisan maneh Karebet kêpêkså nglayani.
Baca lebih lanjut