RAMA TAMBAK – Ki Sugino Siswocarito.

pirang-pirang yuta angêbêki - kadi wukir sol wanadri mangkat - guntur-maguntur gorarèh - kumrasak kumarusuk

pirang-pirang yuta angêbêki – kadi wukir sol wanadri mangkat – guntur-maguntur gorarèh – kumrasak kumarusuk

Samenika panjenengan kula aturi inggahan lampahan 2 seri Ramayana malih ingkang kawiwitan kaliyan lampahan Anoman Obong. unggahan ingkang nalika semanten sampun ical link-ipun lan ing wekdal lan wekdal menika kula inggah malih. Setunggal lampahan ingkang samenika kagelar, inggih menika Rama Tambak utawi Wibisana Tundhung. Dene salajengipun ugi badhe kababar, lampahan Aswani Kumba- KumbaKumba Lena. Nuwun sewu, lampahan menika sejatosipun selip setunggal malih lampahan inggih menika Kumbakarna Gugur. Nanging sepindhah malih, lampahan menika dereng kula panggihi.

Senajana lampahan Anoman Obong ingkang sampun kula aturaken wingi taksih kirang setunggal bab, inggih menika bab ingkang pungkasan dereng kepanggih. Nanging ing lampahan Rama Tambak ingkang badhe kaaturaken menika wonten kacariyos bab ingkang ical, ingkang kacaritaaken nalikanipun adegan jejeran ing negari Ngalengkadiraja, nuju Prabu Dasamuka lenggah ing Sitinggil Binaturetna kaayap dening sakathahing para kenya  cethi  mangagem busana sarwi edi, ingkang gandanya angambar arum.

Nalika semanten Prabu Dasamuka nimbali ingkang rayi Raden Gunawan Wibisana lan putra anung anindita ingkang nami Raden Indrajid inggih Raden Begananda lan ugi Raden Trikaca. Ing wuntat kadya konjem ing pratala wadanane, rekyan apatih Prahasta sowan lenggah amarikelu.

Sang Dasamuka mudhut atur gegandhengan kaliyan kedadosan ingkang sampun kawuri, nalika Raden Anoman utusan saking Maliawan, saged damel geger ngobong sakathahing wewangunan ing Ngalengkadiraja. Tumuli Prabu Dasamuka nimbali langkung caket ingkang rayi Gunawan Wibisana. Senajan Kedhatonipun Prabu Dasamuka mboten tumut kabesmi, nangingn tumrapipun Prabu Dasamuka bab ingkang makaten mboten damel cingak. Awit dene kasektenipun sang prabu. Dosanipun menapa ingkang katutuh dening Prabu Dasamuka dhumateng ingkang rayi Raden Gunawan? Lan kadospundi cariyos sanggitipun Ki Sugino ingkang nglampahaken tinundhungipun Raden Gunawan Wibisana, ingkang dados lampahan menika kasebat ugi lampahan Wibisana Tundhung?

Wonten ing sesi Gara-gara, dipun aturaken kaliyang Ki Sugino, menggah Ringgitan seri Ramayana ingkang katindakaken menika cariyosipun sampun dipun rembag kaliyan para dalang senior ing wilayah Karesidenan Banyumas nalika semanten. Dados kita sampun nganggep menawi lampahan Rama Tambak menika ugi sampun dados alur lampahan ingkang baku tumraping ringgitan gagrak mBanyumasan.

RAMA TAMBAK 1

RAMA TAMBAK 2

RAMA TAMBAK 3

RAMA TAMBAK 4

RAMA TAMBAK 5

RAMA TAMBAK 6

RAMA TAMBAK 7

RAMA TAMBAK 8

Next post: Aswani Kumba – KumbaKumba Lena.

18 comments on “RAMA TAMBAK – Ki Sugino Siswocarito.

  1. matur nuwun maspatikraja nek wonten kulo nyuwun lakon petruk takon bopo matur kesuwun (marsudi-Cilacap)

    ————————————————-
    Nggih Mas Marsudi, mbokmenawi kula angsal mangke mesti kula aturaken kalih penjenengan lan para kanca batir kabeh.

  2. anu link donlode teng pundi nggih para sedulur ??? ko mboten wonten ???
    ———————————————————————-
    He he he . . . . Mangga deteliti kalih maca sinopsise . . . . . 🙂
    Ning nuwun sewu, link-e tang jumbofile pada rontog.
    Mengke nek onten wekdal kula juguli teng indowebster mawon.

  3. Sugeng Ndalu…..
    Nuwun sewu Mas Patik, sing no 7 & 8 mboten saged kula download. Kepripun nggih Mas>>>>>(KULA SAKING KROYA – CILACAP)
    ———————————————————————————–
    kula cobi saged mas. mangga dipun ambali malih ingkang sabar.

  4. no 8 kang di cek, pengunjung kecewa kang…!
    —————————————————————–
    Kayane njenengan sing ora niat donlod!! Soal kuota; tak terbatas kuoatane, Mas.

  5. Matur kesuwun kagem panjenengannipun Pak MasPatikraja, bilih sampun ndamel blog ingkang sanget sanget nulungi kangge pecinta wayang purwa, khususipun poro sutrisna KI Dalang Sugino kodos kula. Jan, pokoke inyong kwoh senenge ora lumprah nemu bloge njenegan Pak, yakinlah sumpah ! ^_^ (Nepangaken, kula lare Panusupan Cilongok tanggane njenengan, wkwk..)

    Ngapunten sederenge niki Pak.. meniko sing ‘RAMA TAMBAK 6’ kok mbonten saget diunduh niku? Kula mpun cobi ping pinten mawon kaceken tetep bae mboten saget niku pak, kepripun yong?
    —————————————————————————————–
    Mangga lah kang Leo Kidul Kali Penusupan (gemiyen agi sekolah ana kanca wong Penusupan)
    Kiye blog pancen digawe tujuane nggo nerusaken seni wayang. Sebab inyong mandan prihatin, sekiye wayang kayane wis mandan arang wong sing ngerti.
    Mulane inyong mung sederma niat sekang ati sing tulus, mbuh nglanggar hak cipta apa ora, wong tekade mung niat mbagi barang sing wis langka pamrihe supaya bisa dikenal secara luas maning.
    Perkara wayang menurut inyong si wis dadi publik domain. Turan angger wong Jawa kuwe ora ruwet pikirane. Perkara angger duwe barang wis dibagekena maring umum, kayane ora ngnggo owel. Angger esih owel maring barang sing wis diwehaken karo wong liya, menurut inyong si kaya dene wong sing tegel njaluk bali maning panganan sing wis mlebu weteng.
    Rama Tambake kapan kapan tek aplod maning, aja kuwatir.

  6. Ping-balik: BERBURU KASET AUDIO ING KALANING LIBURAN KECEPIT | indonesiawayang.com

  7. Kula Nuwun, pak ingkang no 3 kalih 8 mboten saged di unduh.
    nyuwun dipun upload malih. Ngarep nganggo banget.com.
    Suwun pak…
    Salam Budaya
    ——————————————————-

    Napa enggih? mangke kula tiliki….

  8. nuwun sewu,kula bade tumut ndonwlod malah empun mboten wonten file…salam budaya

    ———————————————————————–

    Enggih matur nuwUn infone …. mangke sejen wektu kula cobi unggah malih

    MSPTKRJ

Tinggalkan komentar

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.