GATHUTKACA KENDHAGA – Ki Timbul Hadi Prayitno

Penjenengan ingkang sampun nate midhangetaken gotekipun Ki Timbul Hadiprayitno ingkang ngangge irah-irahan Gathutkaca Kendhaga mestinipun  sampun mangertos, bilih lampahan menika sami kaliyan Rama Nitik. Dene lampahan Rama Nitik menika lampahan ingkang sak paket kaliyan lampahan Rama Nitis. Dipun wastani setunggal paket, awit ing mriki awal mulanipun Prabu Ramawijaya manunggal sacara Wisnu, kaliyan Prabu Kresna lan Arjuna. Lha ing mriki, lampahan Gathutkaca Kendhaga minangka seri kapisanan saking kalih episode lampahan Nitisipun prabu Ramawijaya ingkang manitis sajiwa kaliyan Prabu Kresna lan Raden Arjuna. Continue reading

DANAWILAPA – Ki Hadi Sugito.

Nilik saking irah-irahan lampahan, kathah ingkang dereng mangertosi kados pundi  alur cariyosipun. Saweneh wonten ing media memitran, nalika kula take’aken kaliyan para kadang, namung salah setunggal kadang kita ingkang namung paring clue menawi lampahan menika pancen karumpaka saking carang dhinapur. Lan malih alur cariyosipun dipun sebataken, inggih menika bab trekahipun para Kurawa ingkang badhe ngudi sirnanipun para kadang Pandhawa, lumantar setunggaling pendhita ingkang nami Danawilapa.

Kathah lampahan carangan ingkang nyariyosaken kados pundi para Kurawa anggenipun ngudi pejahipun para Pandhawa. Salebeting cariyos wau sewu cara lan srana ingkang katindakaken dening para Kurawa nanging meksa cabar mboten pikantuk karya. Lah ing lampahan DANAWILAPA menika, sejatosipun inggih kalebet saweneh lampahan ingkang rumpakanipun kados ingkang dipun sebataken ing nginggil. Continue reading

SEMAR MBABAR JATIDHIRI – Ki Timbul Hadi Prayitno

:Ana teja sumorot sundhul ing ngawiyat tak prepegi ilang wujuding teja, ana wong bagus!! Wong bagus, ngakua sapa jeneng, sapa jeneng, ngendi omah!!

:Ora mangkana pitakonmu ngampyak kaya wong njala, nggetak kaya wong nggusah manuk. Genti aku takon ngendi dhangkamu, sapa pracekamu.

:Babo!! Takoni durung njawab, teka njunjung dhangka, njunjung buta  !!

:Ora katon widadari ing ngarepanku, buta sayekti papane dhangka.

:Senajan aku buta, nanging aku dudu buta sembarangan nanging buta abdining ratu.

:Ratu ngendi ngewulake wong kaya kowe?!

:Andhelen saka negara Manik Imantaka, Ditya Cengklong Puspitanala. Kowe sapa gus?!

:Satrya saka Yawastina, Bambang Sidapeksa kekasihku . . . . . . Continue reading

WAHYU KEMBANG SEPASANG – Ki Kuat Hadi Samono

Semar medhar werdi tembung purwaning dumadi

Para rawuh, lampahan Wahyu Kembang Sepasang menika satunggaling lampahan ingkang kalebet lampahan carang dhinapur, ingkang biasanipun nyariyosaken sakathahing lampahan nalikanipun Negari Ngamarta sampun madeg, sasampunipun sawetawis tentrem  Pendhawa yasa nagari saking waunipun negari wujud wana.

Ing plot kedadosan sasampunipun Wanamarta dados negari, ing mriku para Pendhawa -tumraping wayang Jawi-, para kadang lan putra sami ngudi ngelmu lan jodo. Wahyu  menika antawisipun wonten ingkang wujud ajaran saking nyantrik, upaminipun wahyu Makutharama. Dene wahyu ingkang maujud upaminipun wahyu Gada Inten lspt.

Dene sawetawis para Pandhawa lan putra-putrinipun sami pikantuk jodho setunggal mbaka setunggal. Sedaya wahyu lan jodho, kathah ingkang sami dados lampahan wujud carangan utawi carang dhinapur ingkang yektosipun ing lampahan cariyos Mahabarata asli saking India mboten wonten. Continue reading

WAHYU MUSTIKAJATI – Ki Hadi Sugiran.

…………………………………………….

Petruk: Gus, ingkang ngatos-atos.

Abimanyu: Iya

Dewasrani : Abimanyu!!

Abimanyu: Ana paran.

Dewasrani : Semene kadigdayanmu!!

Abimanyu: Tangeh boboting mburi. Ora usah ngalem boboting mungsuh. awakmu dhewe dandanana.

Dewasrani: Aja takon dosa, lena kaprayinanmu ketiban tanganku njengkelang kwandamu!!

Abimanyu : Bareng mati karo Abimanyu! …………………

————————————————————————————————–

Continue reading

KARNA TANDHING – Ki Hadi Sugito

Katri gumulung mangrempaking wadya / magiri rananggana – rananggana / Oooo / rananggana gawe gelar wangwang / Ooooo

Ueh jagad dewa bathara, iki sing jenenge Patih Gagak Bongkol?

Iya dhasar nyata, Kartamarma !!

Kartamarma nyandhang perjurit. Kena tak eman, manuta dak tlikung tanganmu he . .

Keparat ora patut, wong Ngastina ora mundur tak gatheng ndasmu!!

Wah . . bengkah dhadhamu!! Continue reading

WAHYU EKABAWANA – Ki Hadi Sugito

Sardula sakjaran teji mudhun sangka puncaking wukir// manebak manaut yayah singa kang manabda laawan,//oooong anut lakuning warih //Oooooo.

Auuunggg, Werkudara . . . . .!!!

Ana macan . . . Kowe macan,  sapa jenengmu?

Aku macan ora nduwe jeneng . Kena tak eman kowe sumingkira saka kahyangan, aja meteng metengi Suralaya!!

Watak satriya duwe panggayuh ora bali yen durung ketrima.

Ora sumingkir tak tebak dhadhamu Haooong. . . . .

Sinten ingkang unggul? Sardula menapa Raden Werkudara? Mangga dipun piyarsaaken

—————————————————————————————-

Continue reading

KUMBOKARNA GUGUR – Ki Hadi Sugito

Adegan wonten ing Pathet Galong, nalika Raden Kumbakarna ingkang sampun badan alus pamit kaliyan ingkang rayi Arya Gunawan Wibisana.

Lampahan Kumbakarna Gugur, kados sampun mboten asing tumrap para kadang ingkang tresna dhumateng Budaya Wayang. Meh saben Dhalang sampun kersa ngrekam lampahan menika. Nanging kados dene rampadan, sanes koki ugi seje raosipun. Ing ngandhap kula cariyosaken sekedhik cuplikan adegan saking lampahan ingkang badhe katur.

Continue reading

Ki Timbul Hadiprayitno-KUNTULWILANTEN II

Ing cariyos Kuntulwilanten menika, sejatosipun kathah bab ingkang dados sumber utawi baboning cariyos-cariyos candhakipun, kados dene, lampahan pambukaning Baratayuda. Contonipun ing nalikanipun putra tilaranipun Prabu Jathayaksa, inggih menika Kalasrenggi, ngudi tuwuh pejahipun ingkang rama. Kalasrenggi ingkang nyengguh putranipun Raden Arjuna, ingkang nami Bambang Irawan menika wujudipun Raden Arjuna, kabrakot jangganipun ngantos dumugi tiwas. Bambang Irawan ingkang badhe jumurung ngayahi bela negari, dados korban piwalesipun Kalasrenggi.

————————————————————————————

Raden Arjuna ingkang kapatah dening Bathara Kamajaya nindakaaken tapa ngrame, paring pitulung dhumateng Dewi Kuntulwilanten anggenipun ngupadi ing pundi dunungipun kadang anem ingkang dereng ngempal kaliyan kadang kadangipun ing negari Slagahima.

—————————————————————————————–

Prabu Jathayaksa pasrah negari kaliyan adhinipun inggih punika Dewi Jathagini nedya males wirang dhumateng trekahipun Raden Janaka

Continue reading