Ramaparasu (2) – Kang Ngundhuh Wohing Pakarti.

Gelise kang amunggel kawi, nalika samana, wonten narendra awasta Prabu Citrarata, hangedhaton ing Nagari Martika. Samangke Prabu Citrarata kersa tedhak leledhang lan mbebedag sato wana ing sakupenging pertapan dununging Sang Jamadagni kang adoh saking kerameyan.

Lamun cinandra, nyata yen sang raja mudha, raja kang pekik ing warni, sembada wiratama. Senajana awujud priya, nanging Sang Prabu banget mersudi marang bab kang ingaran ngadi sarira lan ngadi busana. Mula keh para kenya kang kapanduk ing rasa asmara saka liringing netra lan tembung manis pangandikane Sang Narendra kang alus memanuhara.

Sang Prabu kang ijen tanpa rowang, saka panasing swasana, gya ambyur ing tlaga kang wening tirtane, sampat tanpa busana panutup lingga. Kidung asmara kang rinonce tumata, lumepas saka lathinira prabu Citrarata, sarwi siram aceciblonan.

Swara kidung kang sumusup ing sela selaning kekayon, hanyeret grenjeting nala Dewi Renuka, temah lumampah galeyah-galeyah marepegi unggyaning kang lagya kekidung. Tetahunan sang Dewi Renuka kadya sinekep jroning wana gung. Adoh saka alam karameyan apadene gebayaring swasana kang anggugah derenging asmara. Senadyan ta tresnanira sang guru laki kacihna tanpa upama, nanging datan timbang lamun katandhing kalawan memanising swara kidung kang andudut rasa. Saya lepas sukmane sang Dewi tatkala mulat sejating kang kekidung. Tirta wening nyipta wewayangan sarirane Sang Prabu ngegla tanpa aling aling, katon gagah sembada, katambah rupa sang Prabu kadi dene Jawata ing Ngargakembang angejawantah. Temah gogrog asmara sang dewi,  mangkana pangucape

“Jagad dewa bathara! Nembe iki aku mulat sawijining priya kang pideksa sarwa sembada, dedeg ngringin sungsang pengawak banyu. Swara kidunge andudut sukma, solah bawane amerak ati. Dhuh dewa, ora kuwawa titahira nahan hardaning ati.

Dewa asmara, rungakna tangising atiku, welasa lawan ragaku. Lepasana panah asmaramu tumanduka marang priya kang lagya kekidung. Dhuh jawata agung, kobarana agni asmara jroning ati pawongan  kuwi, supaya lega rasaning atiku kang lagya nandang wayang wewuyungan”.

Anjegreg kadi tugu sinukarta Sang Dewi, mulat unggyaning Sang Prabu Citrarata kang lagya lelumban ing weninging tirta, nanging Citrarata datan ngrewes swasana ing sakupengira. Jroning ciptane sang Dewi kaya siniksa dening tingkah polahe sang apekik kang datan karasa lamun sinorot ing netra kang ngandhut getering asmara kang mubal angalad alad. Kaseret ing aradan Renuka, tan enget ing tata susila kagiwang dening derenging birahi, sanalika Renuka gya lukar busana, glewa glewa kaya golek kencana, ambyur ing tirta wening, marepegi Prabu Citrarata kang sakala kagyat mulat praptane Dewi Renuka.

Pungun pungun sakedheping netra, mirsane kaendahan wanita sulistya kang anyaketi ing ngarsanira. Kadereng sengseming birahi, sakarone wus datan enget ing purwa duksina, ora kuwagang angampet branta asmara. Kang karasa amung nikmat jroning nistha kang linakonan. Weninging tirta tlaga kacihna kaya dene segara madu, sampad rasa kang kadidene munggah arga kembang, kekarone gya mentas ing ndhedharatan.

Datan kawursita kang samya lelumban olah kridhaning priya wanudya, nalika iku sang surya wus gumlewang ing cakrawala. Renuka wangsul dhateng pertapan, lungkrah sarirane Sang Dewi, katingal saka payus guwayane.

Begawan Jamadagni yekti wus datan kasamaran marang kahanan jro jabaning pribadi Dhasar pandita kang wus putus marang panembah jati, mila sigra ngawuningani apa kang kadaden kang nembe sinandhang ing garwanira. Gempal sumendhal sumedhot rasaning driya Sang Resi, perih nelangsa lamun rinasaa. Nanging bawane pandhita kang wus menep, Renuka kaawe ngadhep marak ing ngarsa.

Ririh sabdane Sang Jamadagni.“Nalika semana kita anggadhuh glodhoging gana madu kang arum arum gandane, manis rasane. Nanging wektu saiki, madu sa ganane wus ilang musna kasempyok ing aradan, kenthir kendhang muspra ilang tanpa tilas”.

Kekembeng netrane Begawan Jamadagni kairing swara kang serak datan kuwagang ngampet nalangsaning nala.Tumungkul amarikelu kaya konjem ing bantala wadanane sang Dewi tan kuwawa nyawang mukane sang guru laki. Geter pater badan sakojur, dres kang reriwe mijil kadya dineres. Sasra wirang tumanduk ing sariranira tumus jroning ati. Ing ngarsanira sang Jamadagni, Renuka rumangsa kaya dene sarah kang wus tan ana kerta ajine. Badan sapata rumasa wis sangisoring drajate wong kang loro saudhon telu sauruban, nistha tanpa kinira.

Apa kang kudu katurake ing ngarasane guru lakiku? Mangkana yen ta kawijiling lesan pangucapira. Nanging sakecap saklimah tan bisa linairake. Rasa luput kang ngliput kadi dene pedhut, datan kuwawa ngobahake lathine Renuka.

Kocap kacarita, para putra kang mentas saka papan panembah, prapta ing ngarsanira rama lan ibu. Jamadagni sigra angawe kalima putra kang siyang pantarane ratri tansah dadi pambombong wong atuwane. Katon bagya mulya eseming para putra, nanging tumraping Sang Pandhita lan Dewi Renuka esem iku kaya dene pedhang ligan tumama ing jejantung.

Resi Jamadagni tumuli sajarwa apa sjatine kang wus sinandang ing ibunira. Angles kekes swasana jroning ati para putra. Tan kinira lamun sang ibu kang tansah sinudarsana sak tingkah pakartinira, ing wektu samengko wus atindak sedeng.“Ibumu saiki wus darbe sesandhang rasa nistha ing ngareping dhiriku pribadi lan kowe kabeh, mula tinimbang sesa sugenge ibumu tansah anjereng sasra wirang, mara tindakana dhawuhe pun rama. Tan ana sawiji wiji para pujangga kang kuwawa anggamabarake isen isening atine ibumu kang wus rumasa kadya dene leltheking sarah. Yen sira kabeh padha tresna marang ibumu lan sira kuwawa anglepas siksa kang anglimput atine, untapna patine ibumu!”

Kaya sinamber ing gelap luput, kalima putra Pandita iku trataban atinira. Jroning cipta, sagluguting kolang kaling sarema pinara sasra, nora darbe pangira lamun keng rama keduga dhawuh kang kaya mengkana. Jegreg kaya tugu, amung netra asawang sinawang mring para sapada kadang.

“Heh sira padha, karana ngapa sira nora tumuli tumindak apa kang ingsun dhawuhake? Apa sira padha suwala mring parentah ingsun?”

Bareng lan jangkahing Ramaparasu, ngendika  sang Pandhita. “Yen kaya mengkana, nyata lamun sira iku dudu sabangsaning manungsa!”

Sakala putra papat kang tetep datan mosik, kenging soting kang rama, salah kedaden, awujud sato buron wana.

Ramabargawa sakala geter sarirane. Jroning ati sang Rama Bargawa mangerti apa sejaning soting kang rama kang tumama mring para kadangira, yen para kadang kuwi kaya wus lorop drajate kaya dene sato wana.

“Ramaparasu!” Jamadagni animbali Ramaparasu.

“Inggih wonten dhawuh kanjeng rama”. Gita sang Ramaparasu, jrih klawan benduning kang rama.

“Apa sira saguh ngleksanani dhawuhe pun rama?”

“Sendika dhawuh kanjeng rama!”

 

“Tumuli menthanga langkap, larapana warastramu, untapna ibumu marang kasidan jati!”

Regedeg ponang gendewa kaembat, sigra lumepas warastra lungid, angenani jajanira Dewi Renuka. Pejah kapisanan. Ludira kawangngwang kemembeng ing sariranira sang Dewi.

“Ramaparasu, yekti sira putraku kang teguh sembada!” Jamadagni amuwus.

“Nyata yen sira iku amung sawiji putraku, kang keduga tanpa suwala tanpa wigih areringa, nyendikani dhawuh. Apa pepinginira, mara diage matura klawan ramamu!”

Sakala timbul pangarep arep kang inguni wus minep. Anguswa pada marang kang rama, sarwi umatur. “Inggih sewu panuwun katura kanjeng rama,  wonten pitu panuwun kula : kaping sepisan, mugi kagesangana kang ibu kados wingi uni; kaping kalih, mugi para kadang kawula wangsul awujud manungsa kados sakawit; kaping tiga, mugi kalisa sakathahing bab ingkang damel gempal raosing manah rama Resi, kanjeng ibu lan para kadang,tumrapipun prastawa ingkang tumanduk saking tingkahipun kanjeng ibu; kaping sekawan, mugi kalisana saking dedosan amargi putra paduka kumawantun mejahi kanjeng ibu; kaping gangsal, dadosa kula tiyang ingkang tanpa tandhing, tan wonten satunggaling makluk ingkang saged ngasoraken kaprawiran kula; kaping nem, mugi paringana putra paduka dirga yuswa; dene ingkang pungkasan, keparanga putra paduka eklas dumugining pejah lamun Bathara Wisnu ingkang mapag jatining sirna”.

“Bagus! Panuwunira tumrapku, panuwun kang ora saban titah darbe pamikir kang kaya sira. Entenana sawetara, ingsun bakal meminta sihing akarya jagad supaya kabul kang dadi panyuwunira!”

Pungun pungun kaya tangi saka nendra Dewi Renuka sakala, dupi pamintanira Jamadagni kabul saka sihing Jawata.  Mengkana uga, kadang papat bali wujud manungsa kaya wingi uni. Sakala ilang musna prastawa kang wus lumaku kaya dene girising impen wengi kang sirna bereng lan wungu nendra.

Swasana pertapan wus bali kaya wingi uni, sakehing para kaluwarga nerusake wajibe sowang sowang, dewi Renuka sinambi kekidung ing pekarangan methik gegodhong rerampadan kinarya dhahar kembul sagotrah, lan methik sekar kinarya pasren lan srana pamuja. Ramaparasu sakadang  mbebedhag sato wana kang sawise wayah surup surya pada rahab andum nikmating daging buron sarwa kekidung pada-pada kitab suci.

Ananging owah gingsiring kahan ingaurip tan ana kang langgeng. Kang wus ilang, keduga bali kaya dene kang wus lumaku. Kocap, Nalika Resi Jamadagni lan para putra lagya bebedhag buron wana, lan anggana raras Dewi Renuka ana ing pertapan, kapiyarsa gemerah swaraning prajurit kang cinampur ing geriting kreta lan ringiking kuda saka negara Hehaya anekani pertapan.

Dongeng punika kapethik lan
kaolah mawi bumbu sarwa jawi saking kitab Ramayana
anggitanipun Herman Pratikto

 

About these ads

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s